B. Daerah

Pertanyaan

coba terangno opo ukara baku iku ?

1 Jawaban

  • Ukara baku yoiku ukara sing ngandut jejer,wasesa, lesan ln katrangan
    Perangane ukara baku ana 4 yoiku
    1.jejer utawa subyek yoiku perangane ukara kang paling baku utawa perangan kang dadi bakune ukara. Dene tembung kang dadi arupa jejer yoiku tembung aran (kata benda) utawa tembung apa bae kang di anggep kaya tembung aran
    2. Wasesa
    Wasesa utawa predikat yoiku perangan ngandharake jejer (menerangkan keadaan subyek) wasesauga kalebu bakune ukara sawise jejer ln miturut ukara. Wasesa kui ana ing sakwise jejer. Wasesa ora kudu arupa tembung kriya (kata kerja)
    3 lesan
    Lesan utawa obyek yoiku perangan kang diender utawa di tuju. Lumrahe sing dadi lesan iku tembung arn utawa tembung seaulih purusa(kata ganti orang)
    4. Katrangan
    Ktrangan iku mujudke perangan ukara kang ngandharake bab sing di kandhakake sing ukara ganti dadi luwih gambling. Katrangan bisa nerangake jejer , wasesa utawa lesan sing iso manggon saenggon-enggon.
    Tuladho: aku (jejer)  mimik (wasesa) obat (lesan) supaya wetengku mari (katrangan)

Pertanyaan Lainnya